Jumat, 03 Agustus 2012

contoh ATUR PASRAH LAMARAN


Ini buat tugas basa jawa nih.. suruh nyari/ buat atur pasrah lamaran... Ya ampun bahasanya.... Bener- bener ga mudeng.. tapi ya udahlah... Yang penting tugas numpuk. Hehehehe....
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung semawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya hangluberana dhumateng kawula. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. Hendro Supandja sekalian. Penjenganipun Bp. Hendro Supandja sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp. Hendra Supandja sekalian, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun. Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun Bp. Hendra Supandja sekalian, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bagus Galih Pambudi kaliyan Bp Susilo Hadiwibowo sekalian garwa hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rara Karmila Putri. Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah penjenenganipun Bp. Hendra Supandja sekalian, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi. Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. Susilo Hadiwibowo sekalian garwa inggih punika, Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saged pisah salami-laminipun. Kasoking katresnan Bp.  Hendra Supandja sekalian dhumateng Bp. Susilo Hadiwibowo sekalian garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman, ing pangajab pinangka agemanipun calon penganten putrid Mboten kekilapan Bp. Hendra Supandja sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp. Susilo Hadiwibowo sekalian garwa netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika , panyuwunipun Bp Hendra Supandja sekalian, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi keparenga calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat  ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp.Hendra Supandja sekalian anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp.Hendra Supandja sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.

Akhirul kalam, billahi taifik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb


2 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

      Hapus