Sabtu, 20 Agustus 2011

Anything about "Tanggap Wacana".............

RANTAMAN POKOK

Ing salebete tanggap wacana kedah kamot perkawis ingkang kados punika, kanthi rantaman ingkan sampun turut :
Salam pambuka.
Purwaka.
Isi.
Wigatining wacana (kesimpulan).
Pangajeng-ajeng.
Wusana (penutup)

1. Salam pambukaSalam pambuka punika ngaturaken salam ingkang sepundah.Tuladhanipun kangge tiyang islam mawi salam pambuka : "Assalamu'alaikum Wr. Wb". Miturut ajaran islam, salam pambuka punika kedah dipun aturaken langkung rumiyen saderengipun nyebat ingkang rawuh. Amargi wonten totocoro islam, mboten wonten gunanipun ngaturaken salam sasampunipun ngaturaken utawi nyebat para rawuh rumiyin. Pamila ing racikan punika dipun purwakani kanti salam rumiyin nembe dipun lajengaken nyebat asma para rawuh.
2. Purwaka Pambuka punika atur matur nuwun dumateng para tamu undangan, saha atur syukur dumateng Allah SWT. lan sapanunggalipun.
3. Isi Isi inggih punika sedaya perkawis ingkang dipun wedaraken.
4. Wigatining wacana (kesimpulan)Wigatining wacana inggih punika inti saking isi ingkang sampun dipun wedaraken.
5. Pangajeng-ajengPangjeng-ajeng inggih punika pitedhah-pitedhah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun wedaraken dhumateng para ingkang midangetaken.
6. Wusana (penutup)Wusana inggih punika atur matur nuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kelepatan anggenipun nyaosi pangertosan utawi wacananipun.


NYIAPAKEN TANGGAP WACANA

Pendamelan punapa kemawon tamtu bade langkung sae menawi sakderengipun dipun siapaken langkung rumiyin. Semanten ugi ngingingi tanggap wacana.
Tanggap wacana ingkang mboten dipun siapaken saderengipun, umumipun kirang sae, tamtu taksih wonten thithaling saha taksih wonten kekiranganipun. Kadangkala ingkang midangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman punika.
Ing salebeting tanggap wacana satunggaling panganggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, menawi piyambakipun ugi nglumantaraken kanthi wacana ingkang sae ugi pramila saking punika kedah dipun gatosaken pekawis-pekawis ingkang kirang mranani penggalih dumateng para ingkang midanget.
Kajawi saking punika sikekp sarira kedah kita damel sesae-saenipun. Sikep sarira ingkang kirang mranani punika saged ngirangi daya pinarik.

Tuladha-tuladha sikep sarira ingkang kirang mranani :
?Jumeneng mboten nggantosaken papan panggenan.
?Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara.
?Jumeneng kaku utawi sawangsulipun loyo mboten wonten semangat.
?Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet, utawi sakwangsulipun ?jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar (mbegagah).
?Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku.
?Ngewah-ngewah sarira.
?Gumujeng ingkang dipun damel-damel.
?Mbesengut.
?Gugup.
?Tumungkul.
?Asring ngebahaken satunggaling bagian sarira.
?Ngebahaken sarira kanthi mboten trep kalian ingkang ngendikaaken.
?Asring ngukur salah satunggaling sarira.
?Nglebetaken asta wonten ing sak celana.
?Mboten nggatosaken ingkang midangetaken.
?Asring ningali nginggil, lsp.

Sasanesipun punika kedah dipun ngatosaken perkawis-perkawis kados ing ngandap punika :
•Suwantenipun ingkang los saha mantep.
•Irama suwanten kedah trep, selaras kalian kawontenan.
•Racaking pamicaran kedah selaras kaliyan tanda-tandaning anta wacana.

Suraosipun tanggap wacana saderengipun supados dipun rancang ingkang sae, punapa ingkang badhe dipun aturaken.
Menawi perlu saged dipun cathet pokok-pokok ipun, senaoso mboten dipun waos.


TANGGAP WACANA (PIDATO)


Tanggap wacana utawi pidato inggih punika ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah. Ingkang kula maksud tiyang kathah punika tiyang ingkang gunggungipun langkung saking sedasa, tamtu kemawon tiyang kathah ingkang kula maksud punika makempal wonten satunggaling panggenan. Saha ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok.
Ingkang umum tujuanipun tanggap wacono (pidato) punika kaperang dados tigo, inggih punika :
Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes/tiyang ingkang midangetaken.
Kangge nyaosi pepenget/pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng tiyang ingkang midangetaken supados tumindak kados tiyang ingkang dipun suwun dening pawacana.
Kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken.
Bilih tanggap wacana kangge ngaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saget mangertos saha paham dumateng punopo ingkang sampun dipun ngedikaaken pawacana (ingkang maringi pidato)
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pepenget/pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng tiyang ingkang midangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget tansah enget kados ingkang dipun maksud pawacana. Saha pamidanget saget mangertosi maksud tujuanipun pawacana, mangertosi punapa ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus iklhas nindakaken dumateng punapa ingkang sampun dipun ngendikaaken pamicara.
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangllipur dumateng ingkang midangetaken, ingkang dipung kajengaken inggih punika pamidanget saged rumaos rena ing penggalih.
Mboten ngemungaken punika kemawon, nanging tetiga perangan punika saged dipun cakup sedaya. Dados tanggap wacana utawi pidato dipun klempakaken tetiganipun.


TULADHA :
TANGGAP WACANA PAMBUKA MALEM RESEPSI
(Saumpami mawi undangan saking Trinunggal)
(Kaasta dening ketua panitia)

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Camat saha Ibu.
Ingkang kinurmatan Bapak Komandan Kodim saha Ibu.
Ingkang kinurmatan Bapak Kapolsek saha Ibu.
Ingkang kinurmatan Bapak Lurah saha Ibu
Saha para rawuh sadaya ingkang kula hormati.
Kula atas nami....................., ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang maha Agung, dene sampun maringi kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sami, katitik kula saha panjenengan sami saged mekempal wonten ing............(pangeran) mriki, saperlu ngawontenaken malem resepsi.............
Salajengipun kula atas nami ketua Panitia............, ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh sadaya ingkang sampun kanthi rila legawaning manah atur pambiyantu ingkang awujud moril saha materiil, kangge pahargyan malem resepsi .......punika. Mboten kantun kula ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak-bapak Trinunggal saha bapak lurah ingkang sampun ngentengaken anggen kita ngawontenaken malem resepsi......................ingkang dalu punika.
Kula atas nami...................., mboten saged ngaturi punapa-punapa, pamila sagedipun namung ngaturaken puja pudjiastuti mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan angsala piwales kanugrahaning Pangeran ingkang matikel-tikel lan mawantu-wantu.
Kados sampun kaserat wonten ing papan hadicara bilih malem resepsi.........., punika kita laksanakaken ing wanci dalu punika. Pramila kita atas nami ketua panitia..........., mawantu-wantu nyuwun dhumateng para rawuh supados anglajengaken kalenggahan ngantos sak purnaning pawiwahan malem resepsi........punika.
Ngengeti padet lan panjangipun adicara kirang prayogi manawi pambukaan punika kula panjang lebaraken, pramila atur pambuka kula cekapi semanten kemawon mbok menawi wonten sungsanging atur saha menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam billahit taufik wal hidayah
Wassalamu'alaikum Wr.Wb
Nuwun

1 komentar: